Daftar Blog Saya

Jumat, 11 Desember 2009

Sukma

"Dek Sukma... Aku kangen... kapan kowe balik?" Sari mandeleng ning jendela jaba kanthi nangis.
Sabar ya Sar, adhimu rak ya bakal bali. Dhelok ngkas paling mulih. Adhimu rak ya wis gedhe. Mesthine wis ngerti ndi sing apik lan ndi kang ora patut", wangsulane ibune. Sari mung meneng lan njingglengi jendela. Ora pedhuli omongane ibune.
Wis rong dina Sukma ora mulih menyang omahe. Sari pancen wis gawe lara ati adhine. Sari ora ngentukke Sukma pacaran karo Dharma, nanging Sukma ngoyok banget. Jarene wis cinta mati. Mulane saiki Sukma minggat saka omah. Sari bingung kudu kepriye, kudu lah apa. Dheweke mung isa nangis, nangis, lan nangis. Ya mungkin wae mung nangis kuwi Sari isa sithik nglegakna atine kang lagi kangen marang adhine.
"Sar, madhang dipit. Kae segane wis mateng," undang ibune.
"Ya, mak. Mengko dipit. Bar ki."
Sari banjur ngulapi luhe lan tumuju pawon, sarta njupuk mangan.

Tidak ada komentar: